Oleh : Dewi Nawang Wulan - Universitas Merdeka Malang
Sumurupa manawa watak sabar iku becik beciking bubuden, kang kudu dinarbe para cacalon utawa siswa. kabeh agama padha nyaritakake Yen Pangeran iku asih marang wong kang padha sabar bubudene.
Sabar mono tegese momot Kuwat Nandang sakehing coba, nanging Dudu wong kang pepes pangarep- arepe. balik wong kang Santosa atine, jembar sesurupane, ora rupak budine, pantes mungguh den aranana segaraning kawruh.
Marga saka anggone wus ora ambedak-bedakake emas lan lempung, mitra lan mungsuh wus kaanggep padha Bae. pepindhane kaya dene Sagara kang kamot diiseni apa-apa lan ora bisa ambaludag dening kajogan saka kali-kali ing ngendi bae.
Awit saka iku wong kang padha ulah kasabaran, padha di angkaha bisane sumingkir saka wawatakan cekak rupak sarta brangasan. Wong kang padha cekak budine iku jalaran saka pikire winatesan ing kawruhe, anganggep kleru marang kawruhing liyan kang ora padha karo kawruhe dewe. mara mardikakna pikirira sarana angajeni sarta matrapake kasabaran marang para agama,
Awit Kabeh mau pituduh dalan marang Pangeran, kayadene agamanira Dewe. Pangeran ora ngutus utusane supaya jor-joran mungguh apiking kawruhe, nanging padha kautus supaya ngelingake marang sasanggemane kawula, kanthi pituduh dalan bener kang anjog ing Pangeran. kapara luwih becik Yen Sira mangerti marang agamaning liyan, perlune mbok manawa sira arep Tulung bisa weruh kapriye mungguh cara-carane agamane wong mau.
Kasabaran iku pipindane kaya sawijining jamu omben-omben kang pait banget, kang mung bisa di ombe dening para Sentosa ing Budi, nanging bisa marasake kasusahan lan lelara.
Mulane para Santosa padha ora nacat lan angremehake marang wong kang anduweni panganggep Yen sarengating agama iku kang luwih perlu, amarga saraking agama iku uga ana perlune kanggo nuntuni para jiwa-jiwa kang isih ringkih, yaiku tumrap marang umuming wong akeh, supaya pada bisa tata uripe ora nunjang palang sakarep-karepe dewe.
Nalika Sira isih bocah iya isih perlu di ereh kanthi tatanan kang Prayoga dening wong tuwanira, supaya kareksa kaslamatanira.
Nanging wong kang wus diwasa saya mundak tuwane carane bocah banjur di tinggal, ewa samono Yen kongsi kalalen marang carane bocah, iya ora bisa tutulung utawa mulang muruk marang bocah. mulane Sira kudu ngrengkuh kalawan sabar sarta katresnan marang sadengah wong, kayadene pangrengkuhira marang kang Sira tresnani.
Sakehing prakara kang angel sarta gawat, bakal dadi gampang mung sarana kasabaran, amarga iya kasabaran iku kang dadi dalan anekakake marang apa kang Sira gayuh. dadi sabar iku dudu niat kang mung kandeg ana ing pangarep-arep utawa ing catur bae, nanging tumindak satitahe kanthi ajeg lan talaten nganti kacandak apa kang dadi gagayuhane.