Buka Wedang Pecak (Bahasa Jawa)

Oleh : Ki Jaya Rangga Kusuma - facebook

Menawi surya sampun ngglewar mangilen, raosipun lampahing wanci punika sansaya alon. Kados-kados padom jam tembok, inggih mboten mingket-mingket saking panggenan.

Pramila mboten mokal, menawi para kaneman sami damel acara ngenti wanci buka (Ngabuburit), mbok menawi inggih menika jalaranipun.

Mekaten ugi kula, dupi kula tingali pandom jam tembok sampun nedahaken jam 15.00.
Wekdal Indonesia Kilen. Kula wiwit damel athikan (kegiatan), nyapu latar, ngecop maggix com ingkang sampun kula isi wos pinusus. Lan kula sambi isah-isah.

Sedaya kula lampahi piyambak,j alaran pancen urip piyambak'an  mboten wonten kempalan. Yektosipun anak kula wonten tiga, namung ke mawon sampun mencar piyambak-piyambak.

Ingkang mbajeng pawestri, sampun emah-emah kala tahun 2010. Alhamdulillah sampun pinaringan momongan sekawan.
Ingkang panggulu (nomer 2), Ugi sampun emah-emah kala tahun 2019. Nderek sing lanang ing Griya Palur Mojolaban Jatimalang Sukoharjo Solo. Emanipun ngantos kalenggahan punika tasih krasan mantenan utawi dereng pinaringan momongan.

Lha ingkang wuragil punika Insya Allaah tahun niki lulus SMKN 8 Surakarta.

Namung ingkang mbajeng ingkang Griyanipun cerak kula, namung benten dusun mawon, dados inggih ingkang mbajeng niku ingkang ngintuni sayur lan lawuhipun.
Dene adang,wedangan inggih damel piyambak. Lha badhe kados pundi, wong bojo inggih sampun sekeca papanipun ing swarganing Allah.

Pramila sedaya sak saget saget, Kedah kula ayahi piyambak,kados ingkang kula sebataken ing inggil kalawau.

Sak sampunipun reresik latar,isah-isah kula lajengaken reresik awak alias pangpung.
Bibar adus lajeng ngurupke kompor,
panci isi toya kula tumpangke mboten watawis dangu toya sampun umop, lajeng kula sok ing jembung(cangkir ageng saking stanlies),ingkang sampun kula isi tape kalih gula aren.

Wedang tape gula aren kangge buka sampun cumawis, nanging wanci buka tasih kirang 30 menit pramila jembung mboten kula tutup pangajab pas wanci buka sampun mboten benter.

Sinambi ngrantos wanci, ingkang tasih radi dangu sawetawis kula tilar jagongan kalih mitra pitepangan ing lurung, sinambi ngumbah mata ningali  Sumliweripun para kaneman ingkang ugi nembe ngranti dumuginipun wanci buka.

Alhamdulillah, mboten watawis dangu adzan maghrib sampun ngumandhang.
Tamtunipun ingkang sami jejagongan ing pinggir lurung, ugi bibaran kalebet kula.

Dugi griya ingkang kula jujug mboten wonten sanes kejawi Wedang Tape Gula Aren, kula grayang jembungipun raosipun pas anget-anget kuku, enggal mawon kula mbatalaken siam kanthi maca; "Allahumma lakasumtu wabika aamantu wa'alaa rizqika afthortu birohmatika yaa arhamar roohimiin".

Jembung kula candhak minggah lambe, mak gleg..., kula raosaken kok wonten sing aneh, mosok tape kok saget kogel- kogel, awit kaget lan tuwuh raos gumun mila agahan tape ingkang sampun meh kolu ing telak kula lepeh.

Ya'Allaah! lha kok wedang tape gula aren kecampuran Cecak urip, gek niki wau kados pundi nalaripun.

Tanpa eman sisa wedang tape enggal kula buang. Senajan saperangan sampun kolu ingkang nami rasa jijik niku tasih kanthil.
Mosok pingin ngombe wedang Tape, eh lha kok malah buka ngombe Wedang Pe-Cak (Wedang Tape Cecak).